pranatacara mantenan , pranatacara manten , pranatacara kesripahan ,  

Pranatacara Supitan

Assalaamu’alaikum WR.WB

Dhumateng panjenenganipun Bapak …. ingkang  kinurmatan, para pinisepuh saha sesepuh lan sedaya tamu undangan ingkang winantu ing  suka basuki.

Para lenggah sedaya ingkang kinurmatan, Sadherengipun mangga panjenengan ngaturken raos puji syukur kita dhumateng Allah SWT, ingkang sampun paring Rahmat saha hidayahipun dhumateng  kula lan panjenengan sedaya. Sahingga panjenengan sedaya saged   rawuh wontwn ing acara syukuran khitanan ipun putra bapak/ibu …. Ingkang asma adik ….,kanthi boten wonten alangan satunggal menapa.
Boten kesupen Sholawat sarta salam mangga kula lan panjenengan aturaken dhumateng Rasulullah SAW ingkang dipuntengga-tengga syafa’atipun wonten ing Yaumul Qiyamah.

Sakdherengipun acara kawiwitan, keparenga kula pranatacara badhe maosakaen reruncening adicaracara ing wekdal menika,
adicara kaping setunggal inggih menika pambuka,
Kaping kalihipun atur pambagyaharja,
Kaping Tiga inggih menika atur pangayubagya,
Kaping sekawan inggih menika ular-ular,
Kaping gangsal inggih menika panutup,
para lenggah sedaya menika wau reuncening adicara syukuran khitanan ing wekdal menika

Para lenggah ingkang satuhu kinurmatan, mangga acara ing ndalu menika dipun wiwiti sesarengan kanti waosan BASMALLAH, sumangga
Para lenggah ingkang kinurmatan, adicara sak lajengipun inggih menika atur pambagyaharja saking pihak kaluwarga ingkang badhe dipun wakili dhumatheng bapak/ibu …. Dhumateng bapak/ibu …. kula sumanggaaken..
------------------------------------------------------------------------------------------------------
Matur nuwun dhumateng panjenenganipun bapak/ibu…., mekaten wau atur pambagyaharja saking pihak kaluwarga. Ngancik adicara salajengipun inggih maenika atur pangayubagya saking para lenggah sedaya ingkang badhe dipun wakili dhumateng Bapak/ibu ... Dhuumateng bapak/ibu….. kula sumanggaaken.
------------------------------------------------------------------------------------------------------
Matur nuwun dhumateng panjenenganipuun bapak/ibu…., mekaten wau atur pangayubagya perwakilan saking para lenggah sedaya. Lumampah adicara salajengipun inggih maenika ular-ular, ingkang badhe dipun isi dhumateng bapak/ibu…..
dhumateng bapak/ibu….. kula sumanggaaken.
------------------------------------------------------------------------------------------------------
Matur nuwun dhumateng panjenenganipun bapak/ibu…., mekaten wau ular – ular saking bapak/ibu ….. mugi – mugi saged manfaat dhumatheng adik… khususipun lan kita sedaya umumipun.
Adicara salajengipun inggih menika panutup. Ananging saderengipun adicara dipuntutup kula pranatacara wonten mriki menawi  anggen kula nglantaraken adicara menika kathah kekiranganipun athah bab-bab ingkang boten mranani wonten ing penggalih panjenengan sedaya  kula nyuwun  agunging pangapunten, matur rnuwun. Mangga adicara kita tutup kanthi waosan TAHMID  kanthi sesarengan, sumangga.
Cekap semanten atur kula.
Wassalaamu’Alaikum WR.WBb