PRANATACARA ATUR PANGLIPUR 

Assalamu’alaikum warohmatullahi wabarokatuh......................


Innalillahi wa innaillaihi roji’un 3x  ( Tiga kali )



, Sedaya titah ing donya menika kagunganipun Allah swt. Mbok bilih sampun titi wancinipun ing samangke badhe kapundhut wangsul wonten ngarsanipun Gusti ingkang Maha Kuwaos. 



, Semanten ugi panjJenenganipun almarhum Mbah Karta Dimejad ugi titahipun Allah swt. Ing titi wanci wekdal menika ngrumiyini kula lan panjenengan sami katimbalan sowan wonten ngayunanipun Allah swt. Mugi-mugi ndadosna pepenget dhumateng kula lan panjenengan.Amin. 



Para sesepuh, pinisepuh ingkang kula bekteni dalasan para takziah sami ingkang kita kurmati, boten kesupen mangga kita tansah ngonjukaken raos puji lan syukur wonten ngarsa dalem Allah swt. Awit sedaya barokahipun saengga kula panjenengan sami saged makempal wonten ing papan dhuhkita punika kanthi wilujeng. Shalawat saha salam ugi tansah katetepna wonten ngarsa dalem Nabi Muhammad saw. ingkang tansah kita antu-antu safa’atipun. 



Para takziah sami ingkang kita kurmati, kepareng matur wonten ngarsanipun ahli waris almarhum Mbah Karta Dimeja, kawula awit atas naminipun warga ing kukupan kampung Sidomaju saha para takziah sami : 



ingkang sepisan : ngaturaken ndherek bela sungkawa ingkang saklebet-lebetipun saha ndherek dedonga awit sedanipun almarhum Mbah Karta Dimeja. Ingkang kaping kalih : ndherek dedonga mugi-mugi sowanipun almarhum Mbah Karta Dimeja dipuntampi sedaya amal kasaenanipun saha dipunkalebetaken seda ingkang khusnul khotimah. Para bapak saha ibu ingkang kita kurmati ingkang pungkasan mugi-mugi arwahipun almarhum Mbah Karta Dimeja saged kapapanaken wonten swarganipun Allah swt. saha ndherek dedonga mugi-mugi sedaya kulawarga lan ahli waris ingkang tinilar kaparingan sabar, ikhlas saengga saged nindakaken kuwajibanipun kados padatan. 



Mekaten atur panglipur saking sedaya warga lan para takziah. Kirang langkungipun nyuwun agenging pangaksami. Akhirul kalam, billahit taufik wal hidayah, wassalamu’alaikum warohmatullahi wabarokatuh.


sumber google