ATUR BELA SUNGKAWA (MITRA KERJA) 2
 
Assalamu’alaikum Wr. Wbb. ...
 -------
Bpk bapak, ibu-ibu para takziyah ingkang dahat kinurmatan..... 

Langkung rumiyin mangga sesarengan ngaturaken syukur Alhamdulillah, wonten ngarsanipun Gusti Allah SWT , ingkang sampun kersa paring pinten-pinten kanikmatan awujud kekiyatan saha kasarasan saengga dinten menika kula panjenengan taksih keparingan penget dening Gusti Allah SWT. 

Keparenga kula matur minangka sesulihipun kanca-kanca mitra makaryanipun bapak Karta Dimeja wonten Semarang, kaping sepisan ngaturaken nderek bela sungkawa awit saking sedanipun bapak Karta Dimeja. Ingkang salajengipun keparenga nderek ndedonga mugi-mugi suwargi bapak Karta Dimeja kaparingan pangaksama sedaya dosanipun, katampiya amal miwah kaesananipun nalika sugengipun saha tumuli kaparengaken lumebet ing kamulyan langgeng. Dene putra-wayah ingkang katilar mugi tumuli kaparingan lipur, pulih kados wingi saha saged nindakaken kewajibanipun gesang kados padatan, saya rukun anggenipun mangun bebrayan, nglajengaken kesaenanipun suwargi bapak Karta Dimeja. 

Dene kala wau dipun ngendikakaken dening ingkang amakili ahli waris, mbok bilih nalika sugengipun bapak Karta Dimeja nate lepat dhateng kula sedaya, ngersakaken mundhut pangaksama, inggih sampun kula caosi pangapunten. 
----------------

Kula kinten cekap semanten atur kula, mbok bilih wonten klenta-klentuning rembak, kula tansah nyuwun agunging pangaksama. 

-------

Kanthi panutuping atur, billahi taufik wal hidayah, 

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.