tugas SMP


ATUR BELA SUNGKAWA (MITRA KERJA) 1 (satu) hehe galanx snepel 

Assalamualaikum wr. wb 
-----------
Bpk bpk, ibu-ibu saha sadherek-sadherek ingkang kinurmatan 

Innalillahi wainnailaihi rajiunn 


Kula minangka wakilipun para mitra kerja, nderek bela sungkawa dhateng ahli waris keluarga bapak Karta Dimeja ingkang tembe pikantuk pacobaning Gusti kanthi konduripun bapak Karta Dimeja wonten ngayunaning pangeran ingkang Maha kuwasa.



----------- 

Slajengipun ngkang kita suwun arrwahipun alm. bapak Karta Dimeja angsala berkah rahmating pangeran ingkang Maha agung. Pinaringana jembar kuburanipun saha pinaringana pajar marginipun, sageda dipunapunten sedaya kelepatan saha dosa-dosanipun. 

----------- 

Mugi-mugi sedaya kulawarga ingkang tinilar pinaringan sabar, tawakal saha pinaringan darmaning agesang wonten alam bebrayan. Mugi-mugi pinaringan manah ikhlas mila saha narima ing takdir. Jer manungsa punika namung nampi punapa ingkang dipunkersakaken pangeran. Manungsa menika namung titipaning pangeran ingkang sawanci-wanci kapundhut. Kita sedaya namung sadremi nglampahi asumarah wonten ngersanipun. 

----------- 

Wusana cekap semanten kemawon atur kula. Mbok bilih wonten klenta klentunipun rembak kula ingkang kirang mranani kula tansah nyuwun agunging pangaksami. 
Wassalamualaikum wr. wb